Posted by
Azis Untung Priyambudi
TUGAS
SESORAH
1. Syukuran anggene lulus sekolah.
Assalamualaikum
Wr. Wb
Ingkang minulya Bapak Kepala SMP N 2
Yogyakarta, ingkang kinurmatan Bapak Ibu
guru kaliyan karyawan saha Bapak Ibu wali murid , para kanca ingkang sutresna.
Saderengipun, mangga kita ngaturaken puji
syukur dumatheng Allah SWT, ingkang sampun maringi kasarasan, rahmat lan
hidayah dumatheng panjenengan saha kula. Kita saged ngrawuhi acara perpisahan
kaliyan syukuran punika.
Jumeneng wonten ngajengipun panjenegan punika,
kula makili kanca-kanca kelas XI badhe ngaturaken rasa syukur dumatheng Allah
SWT amargi kula sakanca sampun LULUS saking SMP N 2 Yogyakarta kalian biji
ingkang sae. Ugi, kula sakanca badhe ngaturaken rasa matur nuwun kula sakanca
dumatheng Bapak Ibu guru ingkang sampun paring pambiyantu, pitedah, saha
wewarah ing babagan ilmu keterampilan, sarta kewasisan menapa kemawon dumatheng
kula sakanca kanthi eklasing manah, kita saged LULUS kalian biji ingkang sae.
Samenika biji terendah 36.00 lan tertinggi 39.90 SMP N 2 Yogyakarta saged
nglulusaken siswa siswinipun kanthi 100%. SMP N 2 Yogyakarta saged dados
ranking 1 sa-Kota Yogyakarta lan sa-Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
Boten kesupen kula sakanca ugi nderek
ndedonga, mugi-mugi sadherek kula kelas XI saged ketampi wonten SMA utawi SMK
ingkang dipun remeni. Amin.
Minangka panutupan atur, kula sakanca nyuwun
pangapunten bilih kula sakanca kagungan kalepatan dumatheng Bapak Ibu guru saha
karyawan, kita nyuwun pangapunten sanget.
Samenika aturan kula, minangka wonten
kalepatan kula nyuwun panghapunten. Matur nuwun
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
2. Ketua Panitia ing Pentas Seni Pengetan Dinten Kamardikan.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang
kinurmatan Bapak Kepala SMP N 2 Yogyakarta, Bapak Ibu guru kaliyan karyawan
ingkang kula hormati, para kanca kelas VII, VIII, IX ingkang sutresna.
Mangga
kita ngaturaken puji syukur dumatheng Allah SWT ingkang sampun maringi
kasarasan, rahmat kaliyan hidayah dumatheng panjenengan saha kula. Kita saged
ngrawuhi acara pembukaan Pentas Seni Pengetan Dina Kamardikan.
Kagem
mengeti dinten Kamardikan ingkang sampun 67 tahun SMP N 2 Yogyakarta
ngawontenaken acara pentas seni. Pentas seni punika kegem hiburan kaliyan
mbangkitaken rasa nasionalisme para siswa menika. Pentas seni punika njunjung
tema “Keseniaan Tradisional Indonesi”. Tema punika dijunjung amargi kathah
saget lare enem Indonesia sampun kesupen dumatheng kesenian tradisional
Indonesia. Para remaja utawi lare enem punika sampun kepincut kesenian budaya
negara liya, kepara budaya Indonesia wonten ingkang dipunakoni negara liya.
Tuladhanipun
kesenian Reog Ponorogo ingkang diklam utawi dipunakoni negara Malaysia utawi
kesenian Tari Pendhet ingkang dipunakoni negara Malaysia. Mila, kita sedaya
dados warga negara Indonesia wajib mbudayaken, nglestarikaken kesenian
Indonesia supados boten dipunakoni utawi diklaim kaliyan negara liya.
Pentas
seni punika mugi-mugi saged mbangkitaken rasa nasionalisme. Amargi, katah lare
enem ingkang sampun kesupen kaliyan perjuangan kamardikan kangge ngrebut
kamardikan saking penjajah. Mugi-mugi saking pentas seni punika para siswa
saged sadar kaliyan Kesenian Indonesia kaliyan perjuangan para pejuang
Indonesia. Katah lare enem boten peduli kaliyan perjuangan pejuan Indonesia.
Samenika
aturan kula, minagka wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Merdeka Kesenian
Indonesia! Merdeka Indonesia! Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.








0 comments:
Posting Komentar